OPINI

Pesan Bapa Suci untuk Hari Komunikasi Sedunia ke-42 [Bahasa Jawa]

NAWALA BAPA SUCI TUMRAP DINA KOMUNIKASI SOSIAL SADONYA KA-42

4 MEI 2008

 

MÉDIA KOMUNIKASI SOSIAL:

Milih kanggo nengenaké butuhe dhéwé apa milih kanggo ngabdi.

Marsudi kayektèn banjur dibagèkaké marang pepadha.

 

Sedulur-sedulur kang tinresnan,

•1.       Tema Dina Komunikasi Sosial sadonya tahun iki – “Média Komunikasi Sosial:

Milih nengenaké butuhe dhéwé apa milih kanggo ngabdi. Marsudi kayektèn banjur dibagèkaké marang pepadha” – nandhesaké sepira wigatiné média kanggo sawiji-wijining uwong lan uga kanggoné bebrayan.

Satemené, awit saka dayané globalisasi, wis ora ana manèh pérangan uripé manungsa kang luput saka dayané média mau. Média wis mujudaké pérangan kang ora bisa dipisahaké ing antarané urip pribadi lan ngrembakané urip bebrayan ing jagading ékonomi, pulitik lan religius. Kaya kang wis dak tandhesaké ing sajroné welingku kanggo Hari Perdamaian Sedunia tahun iki (1 Januari 2008) manawa: ‘média komunikasi sosial luwih-luwih marga saka daya kabisané ndhidhik utawa ngajar, nduwèni tanggungjawab mirunggan kanggo nambah rasa kurmat marang kulawarga, ngandharaké kanthi trewaca pangarep-arep lan hak-hak kulawarga sarta ngatonaké sakabèhing kaélokané’ (no. 5).

•2.       Awit marga kemajuan tèknologi kang saya ndedel, média nduwèni daya kang ngédab-édabi, lan bebarengan karo iku, nuwuhaké mawarna pitakonan lan perkara anyar kang durung tau digambaraké nganti sepréné. Kita ora bisa nyélaki manèh sumbangsih média ing bab martakaké pakabaran, tlesihing perkara lan panyebaring informasi, kayata: dayané kang linuwih ing sajroné kampanye pambrastaning wuta sastra lan “sosialisasi”, uga anggoné mekaraké démokrasi lan sambungrasa ing antarané bangsa-bangsa. Tanpa sumbangsihé média, bakal angèl banget mekaraké lan ngukuhaké tepa slira ing antarané bangsa-bangsa, kanggo mbangun urip kang bisa mujudaké sambungrasa bedamèn ing donya, asung cara kanggo mlebu ing jagading informasi, pisan gawé asung cara ngudhar ubeng-ingering gagasan kanthi longgar, luwih-luwih kanggo sapa baé kang duwé karep nggalakaké gagasan kasetyan-kekancan (“kesetiakawanan”) lan keadilan sosial.  Pancèn nyata manawa sakabehé média mono ora mligi dadi sarana kanggo nyebar gagasan. Média – bisa lan kudu – dadi srana leladi tumrap mekaré rasa “setia-kawan” lan keadilan ing donya iki. Émané, wektu iki, média ngadhepi bebaya didadèkaké sarana kanggo njiret manungsa manut rancangan-rancangan, kang didiktèkaké déning sing padha duwé pamrih lan kadigdayan pinunjul ing jaman samengko. Iku kelakon nalika komunikasi dipigunakaké kanggo pamrih idiologis utawa ngiklanaké barang-barang kanthi meksa. Senadyan ngakuné nélakaké kasunyatan, ananging wataké gampang mbeneraké lan neguhaké urip pribadi, bebrayatan utawa urip bebarengan kang nyimpang. Malahan, supaya bisa narik kawigatèn para miyarsa utawa pamriksa, lan ngombèrake tebané marang wong akèh, média ora tidha-tidha nindakaké pelanggaran, kanthi nyuguhaké perkara-perkara kang saru lan tindak kasar, lan njarag (sengaja) kebablasen. Média uga bisa nepungaké lan nyengkuyung pola-pola pembangunan kang sejatiné ora nyiyutaké, nanging malah ngambakaké jurang tèknologi ing antarané negara-negara sugih lan mlarat.

•3.       Umat manungsa ing jaman saiki dumunung ing pasimpangan dalan. Bab iku tumanduk uga kanggo média, kaya kang wis tak tandhesaké sajroné Ènsiklik Spé Salvi ngenani makna rangkep kemajuan, kang ing sisih siji mènèhi dalan anyar kanggo kabecikan, ananging ing sisih liyané mènèhi kalodhangan kang gedhé kanggo laku duraka kang durung tau diprangguli sadurungé. (bandhingna No. 22). Awit saka iku wis samesthiné kita nglelimbang lan mawas-dhiri, apa ya wicaksana manawa ngumbar piranti komunikasi sosial kanthi cara kang salah / diklèrokaké mung kanggo kemajuané awaké dhéwé, utawa pasrah manut marang kang padha migunakaké kanggo ngapusi kesadharané manungsa. Apa ora kudu dadi kawigaten utama mesthèkaké supaya tetep ngabdi marang manungsa lan urip bebarengan kang becik, supaya padha ngutamakaké “mbangun tata krama….. tumataning batin” (ibid). Daya pengaruhé media ing panguripan sawiji-wijing wong lan ing masyarakat wis dirasakké lan diakoni déning wong akèh, sanadyan ta mangkono, ing jaman samengko mula perlu caos kawigatèn marang owah-owahan sakabèh, kena diarani tandangé media komunikasi wis dadi anyar babarpisan, lan ya iki kang lagi kelakon.   Komunikasi saya suwé, sajaké ora mung rumangsa bisa saderma njèrèng kasunyatan, ananging malah nganti nyipta lelakon/prastawa/kedadéyan, selaras karo kuwasa lan daya pengaruh kang diduwèni. Wis kacetha upamané, manawa ing kahanan tartamtu média ora dipigunakaké mung kanggo nyebaraké informasi apa anané, nanging malah dadi dhalangé lelakon/prastawa. Kasunyatan kang mbebayani kaya mangkéné iki wis digatosaké kanthi temen déning para pangagenging Pasamuwan Suci. Iya awit saka ngadhepi perkara-perkara kang gedhé daya pengaruhé marang sakabèhé matraning panguripan (tata-laku/moral, tata-pikir/intelektual, karohanèn/religius, pasrawungan/ relasional, rasa pangrasa/afektif, lan tata-budaya/ kultural) kang marsudi ajining kamanungsan, mula kita kudu nemenaké pangertèn, manawa ora kabèh kang bisa diwujudaké sacara tèknis, uga dikeparengaké sacara ètis. Awit saka iku mau, daya pengaruhé média komunikasi ing jaman modèrn iki nuwuhaké mawarna pitakonan kang ora bisa disélaki, kang ngudokaké kita gawé pilihan lan cara kang ora bisa diundur-undur manèh.

•4.       Sumbangsihé piranti komunikasi sosial sajroning bebrayan wis samesthiné dianggep minangka péranganing perkara ‘antropologis’ kang tuwuh minangka tantangan kunci sajroning milénium ka-telu. Kaya kang kita seksèni ing sajroné panguripaning manungsa, ing urip bebrayatan lan kulawarga sarta sajroning gagasan-gagasan agung bab damai, kaadilan lan memetri titah, semono uga ing babagan komunikasi sosial ana pérangan jatidhiriné angga priyangga lan sing sejati sajroning angga priyangga rumesep ing laku. Manawa komunikasi kélangan daya panyangga tatakrama lan tatasusila lan ngéndhani utawa ngedohi saka pengawasané bebrayan, tegesé komunikasi wis ora mreduli manèh jatidhiri lan martabat luhur pribadi manungsa kang sejatiné ora kena dirusak. Tundhoné bisa ndayani ala marang kesadharané manungsa anggoné gawé pilihan, lan nyata-nyata ngrusak kamardhikan lan jatidhiriné. Awit saka iku, ngupaya supaya komunikasi sosial kudu temen-temen mbélani pribadi lan ngurmati martabating manungsa kanthi sawutuhé, iku mujudaké bab kang baku lan wigati. Akèh wong padha nganggep manawa ing babagan mau butuh sawijining ‘info-ètika’ (tatakrama mungguhing pariwara) kayadéné bio-ètika ing babagan kedokteran lan babagan riset ilmiah sing gegayutan karo panguripan.

•5.       Média kudu ngéndhani utawa ngedohi dadi coronging aliran materialisme ékonomi lan relativisme étika, yaiku bebaya kang mutawatiri ing abad kita samengko. Kosokbaliné média kudu bisa mènèhi sumbangsihé supaya sejatiné uriping manungsa dimangertèni, mbéla nglawan apa baé kang ngarah arep nyingkur utawa ngrusak. Malah pantes dinyatakaké ing kéné manawa nlesih lan njèrèng sejatining manungsa iku mujudaké timbalan sing luhur dhéwé mungguhing komunikasi sosial. Migunakaké cara-cara kang sangsaya ndayani lan tansah ngrengkuh (ngrangkul), kang dadi kekuwatané média iki, mujudaké jejibahan kang utamané dipasrahaké marang para penanggungjawab lan kang padha makarya ing babagan iki. Iya iki jejibahan kang sapérangan uga tumiba ing pundhak kita, awit ing jaman globalisasi iki kita kabèh uga ngrasakaké lan migunakaké piranti komunikasi sosial. Média anyar – mliginé telekomunikasi lan internèt – lagi ndandani bangunaning/polaning komunikasi, lan iki kang mbokmanawa mujudaké kalodhangan emas kanggo melu cawé-cawé, mbangun komunikasi kang ndadèkaké sangsaya cetha, kaya kang dingendikakaké déning Ingkang Minulya Bapa Suci Yohanes Paulus II, pérangan-pérangan jatidhirining manungsa kang baku lan kudu ana. (bandhingna Surat Gembala Perkembangan yang Cepat 10).

•6.       Manungsa ngelak ing kayektèn, dhèwèké nggolèki kayektèn; bab iki kacetha ana ing gedhéné kawigatèn lan suksès kang digayuh déning sawatara penerbitan, tayangan, utawa dongèng-dongèng kang aji, kang ngakoni lan ngracik kanthi trampil saéngga katon cetha: kayektèn, kaéndahan, kaluhuraning manungsa, klebu matra keimanan,  Yèsus ngandika: “Nuli kowé bakal nglakoni kersané Allah, lan srana mengkono kowé dadi wong merdika” (Yoh 8:32). Kayektèn kang paring mardika marang kita iku Sang Kristus, awit ya mung Piyambaké kang bisa nyukupi pangorong marang urip lan katresnan kang ana ing sajroning atiné manungsa. Sing sapa sesambungan karo Piyambaké lan kanthi kobaring ati nampa pawartosé, bakal kakobaraké semangaté kanggo ngedum lan martakaké kayektèn mau. Santo Yohanes nemenaké: “Apa sing wis padha dakdeleng lan dakrungu, dakwartakaké marang kowé kabèh, supaya kowé lan aku bisa bebarengan tetunggilan karo Sang Rama, lan Sang Putra Yésus Kristus. Kabèh mau dak tulis kanggo kowé, supaya kabungahan kita dadia sampurna” (1 Yoh 1:1-14).

Ayo kita nyenyuwun marang Hyang Roh Suci, supaya tansah ana para juru warta kang prawira lan seksi-seksi kayektèn kang sejati, setya tuhu marang tugas pangutusan Dalem Sang Kristus lan makantar-kantar semangaté tumrap warta iman, para juru warta kang bakal bisa njarwakaké sing perlu tumrap kebutuhan budaya modèrn, duwé prasetya kanggo nguripi abad komunikasi ora dadi jaman kang ngrusak bebrayan lan mbingungké, ananging dadi jaman kang binerkahan kanggo ngudi kayektèn, sarta ngupaya bisané saya manunggal antarané wong siji lan sijiné lan bangsa siji lan liyané.

Kanthi tulus, aku maringaké berkahku marang kowé kabèh.

Vatikan, 24 Januari 2008, Pesta St. Fransiskus de Sales.

PAUS BENEDIKTUS XVI

 

=======

Kajarwakaken sesarengan déning:

  • V. Surawan Dibyosudarmo (Solo) lan Rm. EG Willem P Pr (Jogja)

Komsos KWI

Membantu para Waligereja mewujudkan masyarakat Indonesia yang beriman, menghayati nilai-nilai universal, serta mampu menggunakan media komunikasi secara bertanggung jawab demi terciptanya persaudaraan sejati dan kemajuan bersama.

Related Articles

error: Silakan share link berita ini
Close