Beranda KATEKESE Bahan Liturgi Misa pada Hari Komunikasi Sedunia 2008

Bahan Liturgi Misa pada Hari Komunikasi Sedunia 2008 [Bahasa Jawa]

Bojana Ekaristi

Dina Komunikasi Sosial Sadonya kaping 42

4 Mei 2008

    Underan:

Media Komunikasi Sosial: Kudu milih arep nyukupi butuhé dhéwé utawa ngabdi. Marsudi kayektèn banjur dibagèkaké marang pepadha

 

Atur Cecala:

Para kadang kinasih ing Gusti. Dina iki, Pasamuwan Suci Katulik sajagad ngriyayakaké dina Komunikasi Sosial sadonya kaping 42. Kangjeng Santo Bapa Benediktus kaping nembelas ngajak kabèh wong kristen nyawijèkaké  ati lan gegayuhan amrih mekaring komunikasi sejati antarané manungsa lan Gusti. Lumantar nawala dalem kang asesirah: “Media Komunikasi Sosial: Milih kanggo nengenaké butuhe dhéwé apa milih kanggo ngabdi. Marsudi kayektèn banjur dibagèkaké marang pepadha”, Santo Bapa ngajak aku kabèh mèlu cawé-cawé anggoné padha ngudi ing bebener, keadilan, lan karukunan nganggo piranti komunikasi sosial anugrah Dalem Allah marang manungsa. Kita pancèn perlu migunakaké piranti komunikasi sosial, nanging ora kanggo gawé cengkahé urip bebrayan, nanging kanggo ngupaya mekaraké sesambungan penuh katresnan ing urip kita bebarengan. Mula ayo ngayati Bojana Ékaristi Dina Komunikasi Sosial sajagad iki kanthi ngengidung.

Kidung Pambuka

Gusti nyuwun Kawelasan

Minulya

Sembahyang Pambuka

  • Allah Hyang Rama, dinten punika, kawula, umat Katolik sajagad ngriyayakaken Dinten Komunikasi Sosial Sadonya ingkang kaping 42. Kawula munjuk sembah nuwun krana peparing Dalem daya pangripta, rerigen, lan kauletan ingkang ngasilaken pirantos komunikasi sosial ingkang sangsaya nggumunaken sarta nyawijèkaken gesang bebrayaning manungsa. Mugi riyaya punika nuwuhaken daya pangripta kawula kanggé migunakaken peparing Dalem wau kanggé asung pawartos ngèngingi kayektèn Dalem ing donya, saéngga boten wonten tiyang ingkang kasingkiraken déning média komunikasi sosial. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Ingkang kaliyan Sampéyan Dalem tuwin Hyang Roh Suci, gesang tuwin mengku keprabon, jumeneng Allah, ing salami-laminipun. Amin.

Waosan I: (Waosan Minggu Paskah VII)

Mazmur Tanggapan

Waosan II; Waosan Minggu Paskah VII)

Waosan Injil: Mrk 7:31-37

Homili: Sarining Gagasan:

Injil Markus nandhesaké bab mujizat (pangéram-éram) Dalem Sri Yésus nyarasaké wong kang budheg lan bisu. Jroning wawasan komunikasi ing kéné, saora-orané ana telung perkara kang wigati. Sepisan, kahanan ora kuwagang mbangun komunikasi (yaiku budheg lan bisu). Kaping pindhoné, pakaryan Dalem Sri Yésus paring saras ngagem sawernaning srana lan tindak tanduk, lan kaping teluné, pangéram-éram lan tanggungjawab komunikasiné Dalem Sri Yésus.

      a.Kahanan : Ora kuwagang laku komunikasi.

Généya uwong ora bisa mbangun komunikasi? Utawa, apa baé pepalangé saéngga uwong ora bisa utawa kuwagang mbangun komunikasi karo pepadha kanthi prayoga.

Ana pepalang teknik, yaiku ora bisa mbangun komunikasi amarga piranti tèknis kaya ta radio, televisi, telpon, internèt, SMS kang ora bisa dipigunakaké kanthi samesthiné.

Pepalang basa: basané ora dimangertèni amarga nganggo tembung-tembung manca, sanépan-sanépan kang aceciri (khas) daérah kang ora umum digunakaké.

Pepalang jasmani:  talingan utawa pangrungu sing wis kurang becik, pocapan kang kecepeten, lan sapituruté.

Pepalang rasa: wedi, was-was, kuwatir, duga prasangka, lan sapituruté.

Injil ing dina iki mbabaraké bab pepalang jasmani (budheg lan bisu) lan uga pepalang rasa (rumangsa asor, was-was, isin srawung) kang marakaké wong mau ora bisa mbangun komunikasi kanthi becik saéngga wusanané dhèwèké kesingkir saka urip bebrayan.

       b.Pratanda lan tindak tanduk: Sri Yésus ngagem média apa baé.

Ngadhepi kanyatan kang kaya mangkono, kepriyé akal Dalem Sri Yésus nyingkiraké pepalang mau? Sri Yésus misahaké wong mau saka kumpulane wong akèh. Piyambaké mbangun komunikasi pribadi tanpa pamrih golek alem. Tumindaké Sri Yésus kang mangkono mau didhasari watak ngajèni wong sing diajak mbangun komunikasi (yaiku kang budheg lan bisu) kanthi nyingkiraké prasangka ala kang lumrahé ana ing batiné wong Yahudi marang wong kang lara lan cacat. Sri Yésus kagungan panyangka becik marang wong mau. Sri Yésus banjur nglebetaké racikan Dalem ing kupingé wong mau, nglèlèti ilaté ngagem idu (kecoh), banjur tumenga ing langit lan ngandika, “Éfata”, tegesé “binukaa”. Sri Yésus ngagem kabèh srana kang ndayani kanggo ngluwari wong mau saka belenggu (bebandan) kang ndadèkaké pepalang lan reribet tumrap lancaring komunikasi.

        c.Pangéram-éram lan dayané: Komunikasi ndadèkaké paguyuban sejati

Wasana pangéram-éram kelakon. Wong sing mauné budheg lan bisu bisa krungu lan guneman. Wong mau bisa mbangun komunikasi manèh. Krana Sri Yésus, kanthi ngagem sawernaning piranti, kasil nyingkiraké sakabèhing pepalang lan reribet kanggo mbangun komunikasi. Ananging wohing pangéram-éram Dalem ora mung tekan semono (yaiku bisa krungu lan micara). Wong mau ing wasana bisa ambyuk ing tengahing bebrayan, srawung tanpa wedi, kuwatir utawa gorèh. Wasana paguyuban mau padha éram lan gumun awit komunikasi Dalem Sri Yésus ‘ndadèkaké kabèh dadi sarwa becik’ (ay 37).

Nawala Kanjeng Santo Bapa tumrap Dina Komunikasi Sosial sadonya kang kaping 42 iki, yèn dilelimbang kanthi tumemen, sejatiné arep ngajak umat Kristiani kabèh, mirunggané para komunikator, kabèh kang makarya ing média komunikasi lan kang nduwèni média malah uga kang migunakaké média komunikasi modèrn, supaya mèlu utawa ngetutaké tata polaning komunikasi Dalem Sri Yésus yaiku migunakaké piranti komunikasi (sing anyar utawa modèrn apa sing lawas utawa tradisional) kanggo ngluwari pepalang lan reribet sajroning komunikasi ing antarané manungsa. Iku kabèh bisa kelakon yèn aku kabèh kuwagang migunakaké kabèh piranti komunikasi sosial sing ana kanggo ngabdi marang pepadha lan ngupadi ing bebener, ora malah kanggo ngapusi utawa mligi kanggo golèk bathi (ékonomi). Média komunikasi digadhang supaya digunakaké kanthi cara kang sakira bisa dadi: “kang nggawa bedamèn yèn ana padudon, nggawa pepadhang yèn ana pepeteng, nggawa pangapura manawa ana pangigit-igit”

Wigati:

Ing pungkasaning homili, kersaa ngémutaken wigatining kolèkte Dinten Komunikasi Sosial punika wigati kanggé nyengkuyung kerasulan komunikasi sosial ing keuskupan lan paroki. Bab punika saèstu katandhesaken ing dekrit Inter Mirifica Konsili Vatikan II: “ing Dina Komunikasi Sosial sajagad, kabèh umat dielingaké marang kuwajibané ing babagan iki, yaiku ngunjukké donga lan sembahyangan, lan ngumpulaké dana kanggo tujuwan mau” (IM no 18)

Sembahyang Umat

Imam:            Para kadang kinasih, Dina Komunikasi Sosial sajagad kang kaping 42 ing taun iki duwé  tema (underan): “Média Komunikasi Sosial: Kudu milih arep nyukupi butuhé dhéwé utawa ngabdi. Marsudi kayektèn banjur dibagèkaké marang pepadha” Kanthi kebak ing pengarep-arep ayo kita padha ngaturaké panyuwunan ing ngarsa Dalem Allah Hyang Rama.

P :    Kagem para pengagenging Pasamuwan Suci

  • Allah Hyang Rama, mugi karsaa ngamping-ampingi para Pengagenging Pasamuwan Suci ing negari kawula, supados sami mantep mlebet ing jagading Komunikasi Sosial minangka papan kanggé martosaken sarta ngresepi kabar kabingahan Dalem Gusti Yésus Kristus. Kawula nyuwun:

U  :    Mugi kawula ngraosaken katresnan Dalem ing salebeting jagad Komunikasi

P  :    Kanggé sadaya ingkang nggilut Komunikasi sosial ing negari kawula

  • Allah Hyang Rama, wontena dhanganing penggalih Dalem ngamping-ampingi para produser, juru warta, pangracik, tuwin ingkang anggadhahi média komunikasi ing negari kawula, saéngga keadilan, katentreman, lan katresnan tansah kadadosna pérangan utami ing giyaranipun. Kawula nyuwun:

U  :      Mugi kawula sadaya ngraosaken katresnan Dalem ing salebeting jagad komunikasi

P  :     Kagem brayat-brayat ing paroki kawula.

  • Allah Hyang Rama, mugi brayat-brayat kristiani ing paroki kawula tansah Sampéyan Dalem ayomi saéngga boten gampil kapilut ing daya pangrisaking média komunikasi sosial ingkang ngancam lestarinipun gesang bebrayatan.Kawula nyuwun:

U  :      Mugi kawula sadaya ngraosaken katresnan Dalem ing salebeting jagad komunikasi

P :     Kagem para pangagenging masarakat

  • Allah Hyang Rama, mugi kersa ambuka manah lan budinipun para pangagenging masyarakat ing negari kawula, supados tansah kurmat lan ngaosi kamardhikan ing babagan ngudhar rasa lan gagasan ing negari kawula. Kawula nyuwun:

U  :      Mugi kawula sadaya ngraosaken katresnan Dalem ing salebeting jagad komunikasi

P  :     Kagem kawula sadaya ingkang ndherek bojana punika

  • Allah Hyang Rama, mugi kawula boten ajrih migunakaken média komunikasi sosial kanggé ngudi mbangun kayektèn tuwin leladi dhateng sesami. Kawula nyuwun:

U  :       Mugi kawula sadaya ngraosaken katresnan Dalem ing salebeting jagad komunikasi

(saged dipun tambah sembahyang umat selaras kaliyan kawontenan lan kabetahan)

I  :      Makaten atur panyuwunan kawula Dhuh Gusti. Mugi Gusti midhangetaken panyuwun punika. Krana Sang Kristus, Gusti tuwin Lantaran kawula, ing salami-laminipun. Amin.

Cecawis pisungsung

            Arak-arakan pisungsung kairing kidung. Pisungsung arupi roti lan anggur. Selaras kaliyan kawontenan, saged dipun tambahi pirantos utawi prabot komunikasi sosial ingkang ndayani kanggé martosaken kayektèn lan mbangun ingkang adil sarta tentrem.

Sembahyang cecawis pisungsung:

I  :        Sesarengan kaliyan pisungsung ingkang kawula aturaken ing altar Dalem, kawula nyuwun, Dhuh Allah Hyang Rama, mugi karya komunikasi sosial ingkang dipun leksananaken déning umat Dalem saèstu katujokaken kanggé leladi kayektèn sarta asung katentreman ing gesang bebrayan. Lantaran Sang Kristus, Gusti tuwin Lantaran kawula, ing salami-laminipun.

U  :      Amin.

SEMBAHYANG PUJI PANUWUN AGUNG

Prefasi dan kidung SUCI

Rama kawula

Sembahyang katentreman

Kidung komuni

Bakda kidung komuni, prayoga yèn umat bebarengan, utawa mung lèktor, ngaturaké sembahyangané Santo Fransiskus Asisi: Gusti, “dadosna kawula pangusung bedamèn”

  • Tuhan, Jadikanlah aku pembawa damai,
  • Gusti, dadosna kawula pangusung bedamèn
  • Bila terjadi kebencian, jadikanlah aku pembawa cinta kasih,
  • Yèn wonten raos gething, dadosna kawula pangusung katresnan
  • Bila terjadi penghinaan, jadikanlah aku pembawa pengampunan,
  • Yèn wonten pangina, dadosna kawula pangusung pangaksama
  • Bila terjadi perselisihan, jadikanlah aku pembawa kerukunan,
  • Yèn wonten padudon, dadosna kawula pangusung kerukunan
  • Bila terjadi kebimbangan, jadikanlah aku pembawa kepastian,
  • Yèn wonten raos tidha-tidha, dadosna kawula pangusung pepesthèn
  • Bila terjadi kesesatan, jadikanlah aku pembawa kebenaran,
  • Yèn wonten ingkang keblasuk, dadosna kawula pangusung kayektèn
  • Bila terjadi kesedihan, jadikanlah aku sumber kegembiraan,
  • Yèn wonten kasisahan, dadosna kawula pangusung kabingahan
  • Bila terjadi kegelapan, jadikanlah au pembawa terang,
  • Yèn wonten pepeteng, dadosna kawula pangusung pepadhang
  • Tuhan semoga aku lebih ingin menghibur daripada dihibur,
  • Gusti, mugi kawula langkung remen caos panglipur katimbang kalipur
  • Memahami dari pada dipahami, mencintai dari pada dicintai,
  • Asung pangertosan katimbang dipun paringi pangertosan, nresnani katimbang dipun tresnani
  • Sebab dengan memberi aku menerima
  • Amargi kanthi leladi kawula anampi
  • Dengan mengampuni aku diampuni
  • Kanthi angapunten kawula dipun apunten
  • Dengan mati suci aku bangkit lagi, untuk hidup selama-lamanya.
  • Karana pejah suci kawula tangi malih, kanggé gesang ing salami-laminipun.
  • Amin

Sembahyang bakda komuni

I  :        Allah Hyang Rama, kawula munjuk sembah nuwun krana mitados kawula ngupadi komunikasi sosial kanggé mbangun kayektèn lan keadilan ing jagad punika. Ananging langkung-langkung kawula matur nuwun krana sakramèn ékaristi ingkang kawula tampi ing riyaya punika. Mugi krana dayaning Ékaristi kalawau kawula dados langkung mantep rikala kedah caos kurban ndhèrèk Putra Dalem ingkang sampun ngurbanaken lan medharaken dhiri-Nipun dhateng umat manungsa demi kayektèn. Lantaran Sri Yesus Kristus, Putra Dalem, Gusti tuwin Lantaran kawula, ing salami-laminipun.

U  :      Amin

Pariwara

Berkah lan Pangutusan

Kidung Panutup

  

—– —–

 

Kajarwakaken sesarengan déning:

  •  V. Surawan Dibyosudarmo (Solo) lan Rm. EG Willem P Pr (Jogja)