Home OPINI Pesan Paus pada Hari Komunikasi Sedunia 2007

Pesan Paus pada Hari Komunikasi Sedunia 2007 [Bahasa Jawa]

NAWOLO KANJENG SANTO BOPO BENEDIKTUS XVI ING

DINO KOMUNIKASI SAKDONYO KAPING 41

TEMA

“PORO PUTRO LAN MEDIA:

Tantangan Kanggo Nggulawentah”

20 Mei 2007

Poro kadang kinasih,

1. Tema Dino Komunikasi Sakdonya kaping 41, ”Poro putro lan Media: tantangan tumrap panggulowentah”, ngajak aku kabeh nglelimbang perkoro loro kang pancen mirunggan lan ora bisa pinisah. Sing sepisan, nggulawentah poro putro. Sakbanjure, senadyan mung wujud gagasan, ananging ugo mirunggan, iya ngupoyo media dadi becik.

Tantangan maneka warna ing jagading pendidikan samengko kerep dipikir ono gandeng cenenge karo dayane media kang ngresepi jaman saiki. Minangka salah sawijining pambangun globalisasi, lan uga kasengkuyung dening teknologi kang cepet banget majune, media sanyata rumesep anggone mbangun donyaning kabudayan (priks. Paus Johanes Paulus II, Serat Apostolik Rapid Development, 3). Sanyata, wong sakwetara wis nyatakake, daya pengaruhe media wus dadi saingan marang daya pengaruhe sekolah, Pasamuwan Suci lan bokmenowo ugo, brayat. ”Kasunyatan iku, tumrap wong akeh, mung sing dianggep kasunyatan dening media” (Dewan Kepausan untuk Komunikasi Sosial, Aetatis Novae, 4)

2. Gandeng ceneng antarane putro-putro, media lan pendidikan bisa dipikir nganggo rong perkoro: panggulawentahing anak dening media lan nggulawentah anak saengga bisa kanthi trep nanggapi media. Mulo dadi timbal balik, iya tanggungjawab media minangka industri lan butuhe para pamaos, pamrikso, lan pamiyarso anggone cawe-cawe sacara aktif lan kritis nanggapi media. Kanggo keperluan iki, nggladhi ing babagan panganggone media sacara trep dadi perkara sing baku tumrap mekaring poro putro ing babagan kabudayan, budi pekerti, lan karohanen.

Kepriye bisane ngayomi lan ngupaya maju lan becike urip bebarengan iki? Nggulawentah putro-putro nganti padha bisa nemtokake kepriye nganggo media kanthi becik iku tanggungjawabe wong tuwo, Pasamuwan Suci, lan sekolah. Sing paling penting pembudidayane wong tuwo. Wong tuwo iku duwe hak lan kuwajiban mbudidaya kanthi tumemen, supaya anak-anake nganggo media kanthi wicaksana, iyo kanthi nglantipke roso pangrosone poro putro mau saenggo bisa kanthi becik lan opo anane nanggapi media lan sakbanjuri nemtokake arep nganggo utawa ora (priksanana Paus Johanes Paulus II, Ekshortasi Apostolik Familiaris Consortio 76). Anggone nglakoni kuwajiban mau, wis sakmestine wong tuwo disemangati lan ditulungi dening sekolah lan paroki. Kanthi mangkono bakal kelakon temenan, para wong tuwo ngleksanani tugas kuwajibane sing abot lan angel, nanging pancen kudu dilakoni iki, temenan disengkuyung masarakat sakabeh.

Media pendidikan wus sakmestine asipat becik. Putro-putro kang tansah ngedhep perkoro-perkoro sing endah lan becik bakal tinulung mekarake wawasan, kawicaksanan lan prigel anggone milih lan nemtokake sikap. Mula penting ngakoni ajining tuladhane wong tuwo lan ugo gunane mulang coro kuno kanggo poro putro ing babagan kasusastran, seni lan musik sing pancen nambah luhuring ati. Mulo kasusastran populer bakal tansah tumapak ing kabudayan, ananging panggodha ngowahi nganti mung dadi ’sensasi’, ora pantes dieloni, mirunggane ing papan-papan pamulangan. Kabeh sing endah, kang dadi kacabenggalane kang ilahi, asung inspirasi lan nyemangati ati lan budine poro nom-noman, dene sing jahat lan kasar ngebot-boti sikap lan kelakuan.

Panggulawentahing media, koyo dene panggulawentah liyane, wis sakmestine mbangun tindak tanduk sing mardika. Tugas iki mulo nyrepeg. Kerep banget kamardikan diwartakke awujud pambudidaya terus-terusan kanggo ngudi seneng-seneng utawa mung golek sing sarwo anyar. Iki paukuman, dudu kamardikan. Kamardikan sejati ora tau nibakke paukuman – mirunggane poro putro – supaya terus-terusan ngudi perkara-perkara anyar. Pinadangan ing kasunyatan, kamardikan sejati iku jawaban sing pesthi marang ”Iya” ne Gusti Allah marang manungsa, Gusti kang nimbali aku kabeh supaya podho milih, ora sembarangan, ananging kanthi ngerti lan nganggo kekarepan, kabeh sing becik, nyata lan endah. Mulo, para wong tuwo, minangka cucuk lampahing kamardikan mau, mboko sethithik ngeculke para putro dadi sangsaya mardika, nuntun marang suka rahayuning urip (priksanana Sambutan pada Pertemuan Inernasional Keluarga, Valencia, 8 Juli 2006).

3. Krenteging poro wong tuwo lan guru arep nggulawentah putro-putro ing babagan kaendahan, kasunyatan lan kabecikan, bisa sinengkuyung dening industri media nalika industri media mau nyengkuyung mbangun kaluhuraning manungsa kang baku, memetri ajining ijab lan urip bebrayatan kang sejati, lan melu mbudidaya sacara positip bisane manungsa tumeko ing paraning dumadi. Mulo, kumudu-kudune media tumemen lan konsekwen ing babagan panggulawentah kang ndayani lan ugo ing perkoro etika sing baku, digatekke sacara mirunggan lan malah kanthi nyereg ora mung dening poro wong tuwo lan guru ananging ugo sapa wae sing kroso duwe tanggungjawab ing babagan urip bebarengan. Kinanthen neguhke keyakinan menowo wong akeh sing nggilut komunikasi sosial duwe krenteg tumindak becik (priksanana Dewan kepausan untuk komunikasi Sosial, Ethics in Communications, 4), aku kabeh ugo kudu ngakoni yen, para sedulur sing makarya ing babagan iki ngadhepi ”sesanggan psikologis mirunggan lan dilema-dilema tatanan tindak tanduk” (Aetatis Novae, 19), awit kadangkala kudu ngalami akibat soko saingan dagang sing mekso poro komunikator ngurangi mutu produksine. Maneka warna krenteg gawe program utawa produksi – klebu film animasi lan video game – sing nganggo alesan ”demi entertainmen” ananging banjur ngagul-agulake kekerasan lan ngumbar gambar-gambar kelakuan sing anti sosial, utawa ngasorake seksualitas, iku bejat, lan kudu luwih ditolak maneh, yen program mau tumuju marang putro-putro lan poro nom-noman. Kepriye bisane nerangake marang poro nom-noman, tayangan iku nyenengke kamongko nyatane poro nom-noman mau lagi ngalami urip sangsara amarga kekerasan,

Gandeng karo iki mau, mugo kabeh wae kanthi tumemen nglelimbang sepiro cengkahe ing antarane Sang Kristus kang ”ngrangkul lan numpangi Asta sarta mberkahi poro putro ….” (priks. Mrk 10:16) dibanding kang ”dadi marganing sandungan ….. luwih becik yen wong mau dikalungi watu gilingan ing gulune lan diuncalake ing segoro katimbang aweh sandungan marang wong cilik iki salah siji….” (priks. Luk 17:2). Sepisan maneh, aku ngajak poro pemimpin ing industri media supaya nggulawentah lan nyemangati poro produsen amrih podho memetri urip bebarengan sing becik, ngagungake sing bener, nguri-uri kaluhuraning manungsa siji sijine lan tambah ngajeni samubarang keperluane brayat.

4. Pasamuwan suci, pinadangan ing pawarta karahayon kang disandang, ugo dadi guruning umat manungso lan Pasamuwan Suci tansah tinarbuka kanggo aweh pitulungan marang poro wong tuwo, poro pendidik, poro komunikator, lan ugo poro nom-noman. Rancangan-rancangane paroki lan sekolah-sekolah katolik samengko kudu dadi cucuk lampah ing babagan pendidikan media. Lan ngatasi kabeh mau, Pasamuwan Suci duwe krenteg andum wawasan ing babagan ngajeni luhuring manungsa kang ora liya dadi pusat kabeh komunikasi antaraning manungso kang luhur.

”Krana nyawang miturut paningal Dalem Sang Kristus, aku bisa weweh marang pepodho, luwih soko sing dadi kabutuhan jasmanine, aku bisa asung tresno marang wong-wong kang mulo podho ngantu-antu” (Deus Caritas Est, 18)

Soko Vatikan, 24 Januari 2007, Pesta St. Fransiskus de Sales

BENEDICTUS XVI

Bahan Liturgi:

DEWAN KEPAUSAN KANGGO KOMUNIKASI SOSIAL

Dino Komunikasi Sakdonyo kaping 41

TEMA

“PORO PUTRO LAN MEDIA:Tantangan Kanggo Nggulawentah”

20 Mei 2007

PANGLIMBANG

”Panggulawentahing media, koyo dene panggulawentah liyane, wis sakmestine mbangun tindak tanduk sing mardika. Tugas iki mulo nyrepeg. Kerep banget kamardikan diwartakke awujud pambudidaya terus-terusan kanggo ngudi seneng-seneng utawa mung golek sing sarwo anyar. Iki paukuman, dudu kamardikan. Kamardikan sejati ora tau nibakke paukuman – mirunggane poro putro – supaya terus-terusan ngudi perkara-perkara anyar. Pinadangan ing kasunyatan, kamardikan sejati iku jawaban sing pesthi marang ”Iya” ne Gusti Allah marang manungsa, Gusti kang nimbali aku kabeh supaya podho milih, ora sembarangan, ananging kanthi ngerti lan nganggo kekarepan, kabeh sing becik, nyata lan endah. Mulo, para wong tuwo, minangka cucuk lampahing kamardikan mau, mboko sethithik ngeculke para putro dadi sangsaya mardika, nuntun marang suka rahayuning urip”

Sajrone nawala Paus Benediktus XVI sacara mirunggan paring wigati marang pendidikan sacara umum lan kepriye nggladhi poro putro saenggo bisoo podho urip mardika. Sri Paus paring wigati, kepriye pangerten bab anggone poro putro mau ngresepi kamardikan ing satengahing masarakate, bakal dadi pambangun urip begja sing rumesep. Gegayuhan sing dhuwur iki dadi tantangan sing abot, ananging ugo asung pangerten marang daya pengaruhe isining media komunikasi sing nggegirisi. Alandesan perkoro kuwi mau Sri Paus ngajak poro warganing pasamuwan suci, brayat-brayat lan sekolah-sekolah, supoyo podho aweh panggulawentah sing ndayani ing babagan penganggone media komunikasi.

Penting lan wigati, Sri Paus Benediktus XVI ngajak aku kabeh wani nyemplung ing jagading komunikasi lan kanthi wicaksono milih samubarang sing paling becik kanggo aku kabeh lan anak putuku. Sri Paus babar pisan ora ngajak nyingkir soko donyaning media komunikasi. Aku kabeh dadi bagian donya iku mau.

Sri Paus paring wigati, poro putro butuh didampingi saben-saben podho ngadhepi media, awit ono resiko, kadangkolo podho dadi bingung, ngendi sing pancen nyoto, ngendi sing ora nyoto. Kudune: poro wong tuwo, poro pendidik lan paguyuban-paguyuban paroki nguwasani temenan boso lan teknik sing dienggo dening media, supoyo kanthi tumemen biso milih ing antarane maneka warna tawaraning media, sakbanjure biso nulungi poro putro anggone nglelimbang, saenggo poro putro biso kanthi trep anggone milih media. Ukuran umum kang adhedhasar patokan sing endah, sing becik lan sing bener biso dienggo nuntun lan ngarahake poro putro anggone podho milih acara, isi utowo ugo videogame.

Salah siji sing arep paling dituju iyo ugo nyingkiri supoyo poro putro ora kenter ing perkoro-perkoro utowo kahanan-kahanan sing biso ngrusak utowo ngapusi poro putro nganggo topeng kamardikan, utowo murugake poro putro kenter ing pepengenan arep terus golek sing sarwa anyar, sing mesti bae, sangsoyo suwe, saknyoto ora gawe mareming ati utowo ora asung kasukan sejati. Sing paling becik yaiku yen poro putro kabangun dayane kanggo sinau kepriye bisane podho milih dhewe samubarang kang paling becik tumraping uripe, kang bisa aweh pambiyantu anggone podho mekar sangsaya suko gambiro lan begjo: ”Kabeh sing endah, kang dadi kacabenggalane kang ilahi, asung inspirasi lan nyemangati ati lan budine poro nom-noman, dene sing jahat lan kasar ngebot-boti sikap lan kelakuan”. Kabeh sing endah, kang dadi ”kocobenggalaning ilahi” iki, dadi pambiyantu lan aweh inspirasi anggone podho ngecakake kamardikan kanthi tanggungjawab.

Pangandiko Dalem Sri Paus ugo ngajak poro pimpinaning industri media supoyo podho ngajeni kaluhuraning manungso. Kanthi awas marang kerep kelakon wong-wong sing makaryo ing bidang media katindhes demi dagang, nawolo iki tetep ngajak: ”memetri urip bebarengan sing becik, ngagungake sing bener, nguri-uri kaluhuraning manungsa siji sijine lan tambah ngajeni samubarang keperluane brayat.”

WAOSAN-WAOSAN

WAOSAN SEPISAN

Kis 1:1-11 ”….kowe bakal nompo kekuwatan soko Hyang Roh Suci kang bakal nedaki kowe, lan kowe bakal dadi seksiKu” (ayat 8)

Eph 1:7-23 ”Mugo Gusti dhangano madhangi mripating atimu, nganti kowe mangerti marang gedhening pengarep-arep, binuko marga timbalanmu…..” (ayat 18)

Kaw 9:1-9 ”Nyatanipun, punopo wonten tiyang sampurno ing saantawisipun anak-anaking manungso? Yen boten kasinungan kawicaksanan tumedhak saking Gusti, tiyang wau boten kapetang punopo-punopo.” (ayat 6)

MAZMUR TANGGAPAN

Mzm 46 ”Allah jumeneng pangungsen lan kasantosan kita, pitulungan tansah sumadhiya ing mongso gawat.” (ayat 2)

Mzm 23 “Pangeran pangonku, aku ora kekurangan sawiji opo” (ayat 2)

Mzm 75 ”Kawulo matur nuwun ing Sampeyan Dalem, o Allah, kawula matur nuwun sarwi nyebat asma Dalem; mawi martosaken kaelokan Dalem” (ayat 2)

WAOSAN KAPINDO

Hib 9:24-28 ”…. Gusti ngetingal mung sepisan, dhek tekan titining mongso, nglebur dosa sarono korban Dalem.” (ayat 26)

Hib 10:19-23 ”…. Ayo podho marak mowo ati jujur lan penuh ing pengandel, atiku resik sokobatin kang ololan badanku ingedus mowo banyu murni.” (ayat 22)

2Kor 7:1-4 ”….. mulane saiki aku kudu sesuci ngresiki blentonging rogo lan jiwo, nyampurnakake karyaning kasucian kanthi wedi marang Allah.” (ayat 1)

WAOSAN INJIL

Luk 24:46-53 ”…. Aku bakal ngutus marang kowe kang wis jinanjekake dening RamaKu.” (ayat 49) Luk 17:1-4 ”Yen sedulurmu ono sing kedosan, tuturono; mengko yen keduwung, apuranen.” (ayat 3) Mrk 10:13-16 ”Yo ben bocah cilik podho sowan mrene lan ojo kok cegati. Awit iyo sing sapadhane iki, sing ndarbeni Kratoning Allah.” (ayat 14)

SEMBAHYANGAN UMAT

Imam: Gusti Allah kawula ingkang Mahawelas. Kawula munjuk ing ngarsa Dalem soho nyenyuwun, mugi kawula sami setya tuhu mring Putra Dalem, Sang Pepadhanging jagad lan Pangeraning Katentreman. Mugi Gusti wontena dhanganing penggalih nuntun kawula sadaya anggen kawula ngayomi putro-putro lan brayat kawula.Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, kawula munjuk tuwin nyenyuwun, mugi Santo Bopo Benediktus ingkang kaping nembelas, tansah nampi kekiyatan Dalem salebetipun makarya dados seksining katresnan Dalem ingkang mawujud ing Sang Kristus Gusti, langkung-langkung salebetipun lelados kangge sadherek-sadherek ingkang mlarat lan lara lapa.Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, kawula munjuk soho nyenyuwun, mugi poro Uskup, poro Imam, poro Diakon, lan Dewan Paroki, anggenipun lelados angen umat Dalem saestu ngestokaken pawartos Dalem Gusti Yesus ingkang asung rahayu, tresno dhateng poro putro kanthi prasojo lan lembah manah. Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, mugi paguyuban-paguyuban kawula sagedo lelados dhateng sesami, lan sagedo manggih srono ingkang ampuh kangge evangelisasi, caos paseksen lan mekaraken gesang rohani ing jagading media komunikasi sosial. Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, mugi para pengagenging pamarentah sami ngayahi tugas kuwajibanipun amrih sami ngudi wontenipun jaminan alat komunikasi social dipun ginakaken kanthi penuh tanggungjawab, langkung-langkung gegandhengan kaliyan kabetahan lan raos urmat dhateng poro putro. Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Gusti, mugi poro tiyang sepuh lan poro guru, inggih wonten dalem, punopo dene wonten pundi kemawon, kwagang paring warisan lan nanem ing poro putro saenggo kanthi tumemen samio ngajeni gesang. Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Gusti, mugi poro putro, langkung-langkung ingkang kasoran lan kasingkir, keparengo pinanggih kaliyan tiyang-tiyang ingkang saged paring katresnan, kawigatosan, lan raos. Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Lektor: Duh Gusti, mugi poro pimpinaning media komunikasi social, pinadangan ing Hyang Roh Suci, ingkang paring pepadhang, nucekaken, paring kawicaksanan, lan langkung-langkung nanem krenteg kangge mbudidoyo amrih kaluhuraning manungso. Kawula nyuwun:

Umat: Gusti, mugi kawulanga kawula dados seksi Dalem.

Imam: Allah Hyang Romo ingkang Moho sae, wonteno dhanganing penggalih midhangetaken sadoyo atur kawulo. Mugi, lantaran Sang Kenya Maria, Ibuning Allah, Ibu Kawula sadoyo, kawula tansah ngudi dados seksi-seksi Dalem, ugi kanthi ngangge alat-alat komunikasi sosial, nugroho Dalem kangge umat manungso. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, Sang Komunikator Agung, ing salami-laminipun.

Umat: Amin.

*********

[Diterjemahkan oleh Romo Willem Pau Pr, Komisi Komunikasi K.A. Semarang]